Senin, 22 Juli 2013

P R A W A C A N A (Aturipun ingkang manurun}


ANGGITANIPUN : SWARGI RADEN PANJI NOTOROTO, KEPALA DHISTRIK NGIJON ING NGAYOGYOKARTO, INGGIH RADEN WIDJOYO, GURU BOSO JAWI ING PAMULANGAN CALON GURU SUROKARTO.
MANEMBAH BRAHOLO, MANEMBAH BARANG-BARANG DAMELANIPUN TANGAN UTAWI DAMELANIPUN PIKIRAN, PUNIKO NAMUNG MURUGAKEN PASULAYANING TIYANG SAMI TIYANG 
 KRISHNOMURTI : 17 - 10 - 1947
Ditulis berdasarkan : Buku Terbitan oleh Penulis,085748184804, 
tonykoe.blogspot.com
world1216.blogspot.com
richardmickeal.blogspot.com

video




G A M B U H

1. Sinawung sekar gambuh, bebukaning atur kang manurun, lan ngedalken serat Bayanullah wirid, gubahaniro ing dangu, kanang wus minulyo ing ndon.
2. Anenggih seng misuwur, ahli falsafah miwah, tashawuf, Raden Pandji Notoroto Pujonggodi, minangkani usulipun, poro mitro kang wus maos. 
3. Srat gancaran ingkang wus, kito wedalken namanipun, srat falsafah Siti Djenar kang umesi, pangrembag bab bedanipun, iktikad ingkang linakon.
4. Raden pandji puniku, lan iktikadiro kang manurun, ing samangke parikedah ngleksanani, Bayanullah wedalipun, karono tancebing batos.
5. Tebih saking pangaku, ing benere kawruh pribadieku, bebasan mung angadu pucuking eri, pro maos sadarum, kang widagdeng panyuraos.
6. Tinarbuko ing kalbu, pribadi tan amung tiru-tiru, anirokken jarene kang kasebut tulis, myang jarene kyai guru, sabangsane gugon tuhon.
7. Jarwo sutane ngelmu, angeliro yen durung ketemu, kang saweneh anjarwani kosok bali, angele yen wus ketemu, kalih pisan pan sayektos.
8. Sanadyan to kadyeku, sarehning wajidda-wajiddahu, sopo temen tinemenan ing Hyang Widhi, widagdo wit saking atul, titi tulaten angilo.
9. Mulat saliranipun, ono dene katrimaning ngelmu, yen wus ilang was-was sumelanging ati, gugon tuhone sirno wus, tan kepingin kang sarwelok.
10. Anenggih kang manurun, mung nedhak sungging sawontenipun, ing sasaget tiniti kanthi taliti, cocoge lan babonipun, tan namung jugo kemawon.
11. Bayanullah nguni wus, medal minongko lampiranipun, penanggalan Jawi wedalan H. Buning, taun sewu sangang atus, langkung welasan katonton.
12. Puniku kang tinurun, cinocogken lan babon lenipun, ingkang maksih seseratan tangan asli, yen wonten sulayang tembung, pinilih nuting suraos. 
13. Nanging wetahing tembung, ingkang datan kapilih ing kidung, apan inggih kapratelaaken ugi, mungging centhangan puniku, mrih kawuningan pro maos.
14. Wondene kang pinanggih, terang kliru ing panuratipun, karoneyan lamun tinurune sisip, lineresken sapakantuk, ingkang lepat tan kacrios.
15. Kajawi kang kadyeku, wonten malih centhangan ing ngriku, bab maksuding ukoro sawatawis, myang tegesing tembung-tembung, darapon trang kang suraos.
16. Centhanganyo puniku, mung mligi negesi lugu, datan mawi kawoworan ing pamanggih, suloyo tanapi rujuk, ing bab wedharaning kawruh.
17. Palastaning panurun, Sumo Manis tumanggaping taun, rasaning kawulo asaliro Gusti, Eye Sangoro kang windu, salam koto mring pro maos. 

 I. D H A N D H A N G  G U L A


1. Kawruhono tataning wong urip, mangarepo harjaning tumitah, ing ndunyo angger, gugulangen kagelung, ginelung ing sarkoro mamrih, mrih padhang ing pamawas, tanpo was wus kukuh, kukuh kuwating tyas terang, tetelaning mendem kawruh kang sadjati, jati-jatining tomo.
2. Utamaning manuswo puniki, kudu mbudyo marang lukito, kang madhep trang weleh-weleh, ling-lingen liding semu, semu nyoto karoban saksi, saksi kang tunggal karso, karsane ki guru, guru pugeraning jiwo, jiwo raganiro sumarah ing kapti, kapti kardyating suksmo.
3. Wong tamaryo harjaning dumadi, sangkan paran myang antaraniro, wus kinawruhan salire, sedene ingkang durung, temen musthi antep ing pati, wit kahanan ing gesang, janmo sadayeku saking ngadam(1)purwaniro, lire ngadam tanpo kontho tanpo kanthi, tan gotro tan sat moto.
4. Datan nembah(2)tur datan amuji, iyo iku aran tawang towang, suwung wang-wung sajatine, Allah Malaikat durung(3), durung ono kawulo Gusti, jatining jaman nora kidam, tegesipun dhingin nora kadhinginan, witing janmo manuswo sangkaning sepi, ing kono rasakno.
5. Supoyo weruh sangkaning ngaurip, kang saweneh ono guru amumulang, asale janmo ginawe, nembelas wijinipun, mapat ping pat sakawit, iku sayekti doro, tan pisan tinemu, tondho saksi nora ono, ono maneh soko wadi madi mani, maningkem yen mankono.
6. Yekti dudu ngadam kang miwiti, kale(4)poro manuswo wus nyoto, soko ngadam pinangkane, marmo sagung nak putu, persudinen asalireki, dadi ning kanyatahan, ingkang tanpo tutur, saksi kodrating Pangeran, luwih bener bresih titi tur lestari, campuring kautaman.
 -------------------------------
 (1) Tembung Arab ADAM tegesipun ORA ONO, dene ADAM namaning tiyang (NABI ADAM) asal saking tembung Ibrani tegesipun manungso lanang.
(2) Wonten ingkang kaserat ; datan embuh.
(3) Suraosipun ingkang yoso tembung Allah lan Malaikat pun manungso.
(4) Kale(kal-e) sami kaliyan babe (Ind;halnya).
--------------------------------- 
7. Mangke paraning sangkaning urip, upayanen ywo nganti sumelang, ojo tumpang suh pikire, lungane wong tumuwuh, luwih ewuh tur dhemit rungsit, glethaken sinamparan, saking gampangipun, kang saweneh pro ngulomo(1), rino wengi suwargo pinusthi-pusthi, iku wong kabegalan.
8. Kang saweneh poro pandhito di, ahli sorot gedhene samrico, kumilat thathit warnane, mijil sing netranipun, iku ingkang pinrih ngleboni, nemu ngalam gumelar, wong mangkono tamtu, ciptaning sasar katriwal, ono maneh uliyo(2), cipteng tyas milih, johar kanthaning warno.
9. Kang gumebyar-gebyar anglebati, linebonan den anggep suwargo, neng kono Gusti pamore, lah iku wong kliru, wus kadhadhung ginawang jajil, saweneh malah ono, wruh cahyo umancur, dinalih sipating Allah, iyo iku kumpuling kawulo Gusti, tetep wong kabegalan.
10. Ono ingkang pinanjingken maring, sipat kodrat hu huteg tegesnyo, iku goroh satemene, wit maksih biso lebur, ajur mumur awor lan siti, pinondhem pajaratan, dinalih neng ngriku, ono ngalam jagat jembar, linebonan langgeng nora owah gingsir, iku ciptaning setan.
11. Kang saweneh sarjono mumpuni,  ing sasmito ngelmu kasampurnan, Allah nunggal ing jisime, angen-angen renengkuh, cinipto Hyang kang murbeng bumi, yen kinecapken lesan, uluk salalahu, iku tunggal cipto sasar, awit maksih kasipatan owah gingsir, tur maksih keneng edan.
12. Karso murko dayaning panggalih, galih eling iku tunggal makno, neng angen-angen nggone, marmane iku dudu, sanyatane amung ngratoni, sabarang tingkah polah, wit dayaning kalbu, nanging yen den anggep Allah, tan pakantuk dadi begalaning urip, ing kono rasakno. 
13. Prayogane kawruhono becik, kadayane angen-angeniro, mukhamad(3) darmo sapangreh, rasul rasaning manus, kabeh soko hagnyaning(4)pikir, nanging dudu Pangeran ing sejatinipun, kang saweneh pro pukoho(5) in aranan, tanpo kontho tanpo kanthi, tan gotro tan sat moto.
------------------------------------------- 
 (1) Ulomo : poro alim (poro ahli ilmu).
(2) Uliyo/aulia ; poro wali (poro tinarimah ing Pangeran).
(3) Ingkang dipun kajengaken ; badan wadhag.
(4) Wonten ingkang kaserat ; pratignyeng pikir.
(5) Fukoho ; poro faqih (poro ahli kawruh fiqhi).
--------------------------------------------- 
 14. Datan kakung tan wanudyo yekti, napas mewah kang ngebaki jagad, den anggep Allah kanthane, wit datan loro ngelu, tanpo owah tan darbe karsi, iku dudu Pangeran, kang kasbut pituduh, kayun biloro ukimnyo, pardikaning urip tanpo roh sayekti, napas talining gesang.
15. Ono maneh ingkang angukuhi, ngalam insan kamil tegesiro, insan manuswo jatine, kamil sampurnanipun, santahe tembung puniki, manuswo kang sampurno iku maksih luput, saweneh guru mumulang roh ilapi, nur mukhamad(1) den leboni, tunggaling karusakan. 
16. Kang kalantur cipto lan panggalih, kadhadhung ginaweng jajal lanat(2), pinujo-puji panjinge, lan malih poro guru, amumulang patraping pati, pati titis anggepnyo, samrico binubut, mijil saking githokiro, manjing bayi putro-putraning narpati, iku kliru ing tekad. 
17. Iyo panitisan jaman mangkin, poro Budho araning manusksmo, dadi ping pindho uripe, lan ono manjing suwung, sajatine durung nglakoni, yen wong kang wicaksono sabarang roh putus, tatas pangawikaniro, urip iki sajatine aran pati, pati ing aran ora. 
18. Jumenenge kawulo lan Gusti, Allah Mukhamad lan rasulullah, wus dumunung siro kabeh, ing bumi langit pitu, soko ananiro pribadi(3), mukhamad rasulullah sajroning idhup, wijangelah rasakno, lire rasul rasaniro kang sajati, tunggal rasane suksmo. 
19. Iku salah tompo ing panganggit, lamun roso rasaning Pangeran, nora mangkono patrape, Pangeran rasanipun, nora awor lan siro kaki, pamrikso pangandiko myang pamyarsanipun, nora tunggal lawan siro, kuwasane karsaniro Hyang kang luwih, sayekti tan momoran. 
20. Lah pisahen aywo tinggal budi, iku nyoto panganggepmu ring Hyang, nanging Allahiro dhewe, aywo salah pangawruh, dudu Pangeraning bumi langit, lan malih wekasingwang, manuswo kalamun ngaku kukuh kuwating tyas, angen-angen dinalih wujuding Gusti, patrape takokeno. 
------------------------------------------------------------ 
(1) Wonten ing wirid ; roh ilapi puniko salah satunggaling roh kito. Nur mukhamad (cahyo kang pinuji) puniko asaling sadoyo dumadi.
(2) Jajal (iblis) ingkang tampi la'nat/bendu.
(3) Suraosipun ; umpami mboten wonten manungso inggih mboten wonten ingkang mastani bumi lan langit.
------------------------------------------------- 
21. Gusti iku mireng tanpo kuping, aningali datan mawi netro, tanpo prabot kuwasane, ngandiko tanpo tutuk, lamun maksih ngganggo piranti, tetep dudu Pangeran, marmo keh pro kliru tampi, pikir cinipto suksmo.
22. Dalil qur'an wus amamancahi, pan mangkono ula murtasiman, fikiyalihi tegese, tan kacokro Agung, mungging angen-angen janmi, sayekti dadi batal pangawulanipun, wa la nufus, Gusti Allah tanpo napas, marmane den anggep pasthi, napas ing aranan Allah.
23. Iku ojo temah kupur kapir(1), barat den anggep kang murbeng rat, temah kapiran uripe, kalamun maksih kukuh, angukuhi kang tinulis, prayogo sumingkiro, tondho seje kawruh, kawruhing Budho katriwal, awawaton ngelmu Dewo Ruci, dudu wit saking Arab.
24. Mamet Budho ing Arabken dadi, kawruh nasar nunjang kitab Qur'an, ginalih suwung rasane, kitab kacokro suwung, nora weruh ragane sepi, cupet cingkrang ing nalar, pring suwung kementhung, kenthung-kenthung mung wawadhah, tanpo isi den iseni napas angin, pinuji tur sinembah.
25. Mantep tetep tur den aku Gusti, Allah ingkang murbo miseseng rat, pomoywo mangkono angger, wajibe Gusti iku samak besar kadirun ngelmi, rong puluh sipatiro, jinereng ginulung(2), yen tetep sarjononingrat, nora kewran tur ing batin, wus kapusthi ndunyo kerat. 
26. Wus karoso nrambahi budi, budi doyo sangkan paraniro, kinawruhan sadurunge, lamun micoro idhup, ngadhepken sangkaning urip, urip mangarep harjo, harjaning tumuwuh, wuwuhing kawruh kang nyoto, kanyatahan soko tondho lawan saksi, saksi kang wus pratignyo. 
27. Pratignyane nrambahi urip, nadyan pati sajroning gesang, wus kadhodho sakabehe, myang gampange kacakup, cakep cukup rasaning ati, gegetun soko nyoto, pungun-pungun nyenthung, thung-thung ing ndriyo, pratelo salulut sih Gustiku kalawan dasih, jumeneng tan pantoro. 
28. Dasar nyoto wus tan nglakoni, saking temen yekti tinemenan, ono ing kono rasane, woring tyas tanpo catur, datan jalu datan pawestri, eninging tyas kang wus trang, judheg memet nyamut, lamat-lamat tan katoro, rasane dat wajibul wujud(3) nemahi, lir kang wus kanyatahan.
(1) Kafir puniko tiyangipun, manawi kufur puniko fahamipun.
(2) Wonten ingkang nyerat ; jinereng ginelung.
(3) Dat wajibul wujud ; dat kang wajib anane.
29. Kang saweneh poro sarjono di, jroning supeno(1) den anggep ngalam, barang opo ono kabeh, sedene buwono gung, jagad cilik sajroning ngimpi, marmane datan siwah jroning kalbu penuh, ngendi bae njero ono papaesan, ing ndunyo jro badan manggih, cinipto anggon mbenjang.
30. Iku salah kalantur katarik, cipto sasar kablasar jurang, iku dudu sayektine, dene impen puniku, sajatine ingsung tuturi, kuwasane pangroso, manjing netranipun, dayaning kuripaniro, mukhamad manjing mukhadim maring ngelmi(2), ngelmi ingkang gumebyar.
31. Sun jarwani malih wong angimpi, sayektine jroning netraniro, mamanik iku arane, koco benggolo agung, sinendhekken neng nggon sawiji, njaban koco sanyoto, kadulu sadarum, barang opo manjing koco, yen jinupuk jroning koco datan keni, iku dayaning netro. 

II. K I N A N T H I 

1. Lawan malih ono guru, mumulang mring anak murid, ono rupo catur warno, ireng abang kuning putih, mbenjing praptaning sekarat, kinen milih salah siji.
2. Lamun putih wijilipun, saking netro grono pasthi, iku kang den anggep nyoto, samyo kenen atut wuri, tamtu manjing maring wismo, niro langgeng tanpo wilis.
3. Iku wong ngelmune kathung, darbe kawruh mung sacuwil, wus ngaku dadi sarjono, jumeneng guru mumurid, marang poro punggung mudho, ngroso wus putus patitis.
4. Sajatining durung weruh, ngawur kawoworan iblis, lawan malih asring ono, pro ngulomo ngaku wasis, rukiyatullahi yen nendro(3), wruh ing rupanyo pribadi.
5. Mowo probo smu umancur, lir wulan purnomo sidi, iku ing anggep Pangeran, kang murbo maseseng bumi, iku wong katunan ing tyas, luput panampaning dalil.
--------------------------------------- 
 (1) Tegesipun supeno salebetipun tilem utawi samadi (pir;bab 7/6 & 18
(2)             "       maos cathetan ipun piyambak ingkang sumimpen ing hafidh.
(3) Rukiyatulahi; kanyatahan wontenipun Pangeran.
6. Awit ciptane wong iku, Allah manggon jroning pikir, sipate lir rupaniro, tan siwah marang kang muji, lah iku sangsoyo nglompro, dene Allah darbe warni.
7. Lawan malih ono guru, yen mbenjang tumekeng janji, ono rupo kang sanyoto, yo rupaniro pribadhi, sarto nggowo panengeran, alib mutakalimun wakid(1).
8. Saweneh ono wong putus, angukuhi ngelmu jati, sahadat kang sadu tanpo(2), wetuning napas sakalir, iku den arani salat, kang mangkono datan yukti.
9. Ngaku-aku tanpo kusur, salusuran cipto silip, nyilip kalebon babasan, boso kang nora patitis, yen wicaksaneng pamawas, nora arep nora melik.
10. Yen jatine sadat iku, la ilaha ilalahi, lah kepriye jarwanono, iku sadat kang sajati, yen lumrahe jaman mangkyo, sadat mangkono tinampik.
11. Iyo iku wong kepaung, sahadat kalimah kalih, tinampik sinampar-sampar, nora pisan den kawruhi, saking angele jarwanyo, cocoge kalawan saksi.
12. Satri ingkang mendem kulhu(3), rino wengi muji dikir, la ilaha illa Allah, cinipto sajroning ati, ngonggrong-onggrong pupujian, mrih kinasihan Hyang Widhi.
13. Widhi adining tumuwuh, tan muwuhi mring wong muji, anyudo mring wong kang siyo, lah rasakno kang patitis, ywo lir santri Ponorogo(4) napi isbat(4) kang pinusthi.
(1) Istilah wirid pikajengipun aksoro alief dumunung ing bathuk.
(2) Pikajengipun sahadat ingkang tanpo ashadu saterusipun.
(3) Serat Ihlas; Qul huwa lahu ahad, kawancah; kul hu.
(4) Ponorogo puniko rumiyen misuwur pesantrenipun.
14. Yen napi Allah liniru, wujudnyo santri pribadhi, lamun isbat wujudiro, ing njero iki Hyang Widhi, iku lakuning dubilah(1), laknat kawoworan peri.
15. Lawan malih ono guru, amangeran marang pasthi, suwung wang wung nora nono, tur durung putus ing westhi, iku wong pitung bedahab, kupur kapir ngreribeti.
16. Lelethek duskarteng idhup, tan pantes dipun leluri, marmo sagung pro sujono, yen muruito met ngelmi, layang iki takokno, jarwane opo nimbangi.
17. Salah siji pasthi cundhuk, lamun maksih podho iki, lah age siro munduro, mung ojo nyerikken ati, marmo jaman sapuniko, piro-piro guru ngelmi.
18. Lagi weruh mukhamad rasul, Allah angen-angen dadi, guru wus sinembah-sembah, apese den aji-aji, kekethokan gulu ayam, sego wudhuk mori muslim(2).
19. Sajatine durung weruh, ing ngelmu kang gaib-gaib, mung elu-elu kewolo, jroning ati durung uning, bocah cilik bae ono, biso dadi guru jati.
20. Anggere den du telu, tinilikan dino mbenjing, yen trimo amung carito, nalar ngawur tanpo saksi, ingsung saguh ajajarwo, tanpo lawon wareg pitik
21. Nanging yen tinonyo ingsung, kapriye rasaning pati, yen aweh semoyo mbenjang, lah pomo goleko kaki, guru kang biso sung pejah, tinupikso jroning urip.
------------------------------------------ 
 (1) Dongo tangawud; audubilahi minasyiton nirojim dipun wancah dubilah setan dipun wancah malih dubilah.
(2) Namaning mori/lawon ingkang sae kolo semanten, dados sanes muslim ingkang teges wong Islam. 
22. Nanging mangkyo poro guru, arang ingkang nganggo saksi, tansah crito ngoyoworo, warahe angupo pamrih, nora weruh sajatinyo, trapsilo laraping pati.
23. Ojo siro dadi guru, laraping ngelmu sajati, tegese guru puniko, paugeraning ngaurip, pangarep-arep ing pejah, kang jajah kawruh kang ngenthing
24. Tinakonan anak putu, biso mangsuli patitis, kang kalawan kanyatahan, nyataning reh boso pati, lamun wong sarjaneng jagad, nora kewran amangsuli.
25. Lan malih sun wus kapranggul, poro santri ahli ngelmi, barang-barang wujud Allah, bumi langit dadi Gusti, lah iku kumprung ing tekad, gandarwo momoran janmi.
26. Satengah ono wong putus, ratu den anggep Hyang Widhi, Gusti Allah nora ono, wujudnyo sri noropati, yoiku wong salah ucap, nggasruh kawoworan peri.
27. Yeku wong ceguk truwilun, lonyo ucaping pisaci(1), supoyo dipadonono, koyo paduning pulisi, kacoro traping prakoro, wus pasthi nora pinanggih.
28. Kang saweneh ono jamhur(2), tutur mubeng marang murid, lamun tinakonan, patraping pati datan patitis, ngawur ngawang ruwag-ruwag, saksine lamun wus mati.
29. Embuh-embuh yen binuru, embuh yen wus prapteng akhir, biso mulih marang ora, tur amengku ngalam sahir(3), dudu swargo lan naroko, ngaku weruh kanthaning pati.
30. Saweneh ono wong putus, lapaling kitab binudi, tapsir awal aku wignyo, ngakaid naulo tasrib, kitab Bajuri Jrumiyah, yayah putus liring adil.
---------------------------------- 
 Pisaco/pisaci; brekasaan. (1)
(2) Jamhur(bhs.Arab) tegesipun tiyang kathah, boso Jawi dipun tegesi wong wicaksono, kasbat ing srat Tajusalatin(Bausastro Jawi).
(3) Alam Shaghir; tegesipun jagad alit (badan kito).


IV. S I N O M

1. Lan malih pitutur ingwang, lamun siro dadi murid, kang biso pratamengweko, wiwekaning kawruh gaib, pitakon kanthi titi, surti nganti-ati tyasmu, tumancebing papadhang, ingkang nandhani tyas wening, nging tan wenang kalamun durung kakenan. 
2. Kenonyo saking pracoyo, pinarcayeng dening saksi, saksi ingkang tunggal karso, bangkit nyanyampahi silip, nora kilap kalempit, kanang karsane ki guru, guru kang nunggal mimah, tunggalnyo kang seje jinis, niskarengrat dhalang sajati weruhe. 
3. Iku pikir kang tan samar, waskitho kecaping wadi, nanging weruhnyo kidhalang, wit akil baleqing pikir, koro-kironyo ngenthing, pinter sangkaning sinau, marmo dudu Pangeran, ywo den anggep jeneng Gusti, sajatine kang winastan johar awal. 
4. Marmo sagung pro sarjono, kang kantep tetep nastiti, titising reh pejah gesang, kasangsang madyaning bumi, rat jagad kagulung ling, tumruning manuswo sadu, lan malih sun mawarto, yen ono guru kang luwih, sun wasito jisime ginowo lungo.
5. Lungo ngalih ing ngalam rat, rat jagad kawengku siji, manjing jiwane sadoyo, pangroso sampurneng pati, lah iku tutur kidhip, goroh growah wong kebawur ngawur kuwur, tyas samar durung weruh laraping pati, kang patitis tan mangkono anggepiro.
6. Kalamun guru sanyoto, manranging cipto nastiti, netepi dalil ing Qur'an, mutu bila muta pasthi, lapal wus den werdeni, mati sajroning idhup, urip sajroning pejah, rasakno prakoro iki, patraping reh papadhang kalingan padhang.
7. Yen wong danuryo waskitho, aweh sandhang wong kang sugih, aweh payung wong payungan, anggendhong wong kang nunggal joli, sung teken dalan wradin, wong melek tinuntun-tuntun, sinung dalan kang padhang, wong minggir tinarik minggir, lah kepriye tutur iki rasakno(1).
8. Nadyan sudro domo popo, janmo kang weruh ing wadi, wadi wadining widyasto, sayekti janmo sajati, ywo sumelang ing pangesthi, anggepen lantaran kawruh, muwuhi antepiro, tepetepaning tyas sami, amijeni jumenenge guruniro.
9. Sasat sudoronto tunggal, tunggil wor budi sawiji, wajib iku kinormatan, jinunjung ing sawatawis, temahan kebegalan, kalong linongan ing kuping, iyo iku tinemu dadi kagunan. 
10. Sapiro yen wong sarjono, kawruh kang wus den tampani, nora mungkir asaliro, seje wong kang tuneng budi, pinter sangkaning ngaji, den aku ora nggeguru, umuk saking supeno, paparinge sunan Kali, iyo iku cipto kawoworan wiso.
11. Ambege waskitheng lembat, saking kawruh tanpo kardi, sinihan ing Hyang kang murbo, supoyo wong sami uning, oneng temahan asih, sih lulut dumadi pulut, muluti wong katriwal, sasar tyasnyo sami wedih, pamrihing tyas wetuning arto baksono. 
------------------------------------------- 
(1) Mbok manawi guru ingkang waskitho punika anggenipun ngeblakaken wedharanipun namung dhateng siswo ingkang sampun tinarbuko manahipun.
12. Pan kinaryo kasugihan, ngelmune ginawe pokil, ngikal-ikal ngeko doso, yayah dursileng pambudi, batine durung uning, yoiku rupaning punggung, kagunggung wong caksono, sajatine sepo sepi, sasat sepi tan wruh ingkang murweng titah.
13. Purwo wiwiting ngagesang, nora pisan den kawruhi, tansah mung dino akherat, pinundhi pinusthi-pusthi, pasthi bakal nemahi, sabarang pituduhipun, ngakherat bakal mulyo, wit saking wus den kawruhi, aneng ndunyo tinebus(1) sabar darono. 
14. Nanging kang tyas smu pramono, makno mung kecaping lati, katoro ing solah bowo, bawaning pangucap wening, poro ngulomo kang wus, tanah Jowo ngalor ngidul, ngetan ngulon wus podho, kang kasub kaloking bumi, ngetan Tuyowangi ngulon tanah Serang. 
15. Waroto sun muruito, akeh kang kaliru tampi, kitab Qur'an tan pratelo, ngulomo kang biso ngaji, ngawag kaworan kucing, kang den anggo ngelmu kuwuk, nggandhuli kawruh Budho, den lih tembung ing Arabi, iyo iku patraping wig(2) tanah Jowo. 
16. Warno-warno piwulangnyo, lir caritaningsun kang wis, saweneh ono kang sorah, saking parimbon Semail(3), pangakune sing ngingggil, tiban saking Hyang Moho Gung, terkadhang malih ono, wite dadi guru jati ngimpi munggah mring langit biru sap sapto. 
17. Ambedhah mumbul ing wiyat, neng ndhuwur nampani wangsit, wusnyo trang nuli mimijang, wijangane ngelmu gaib, supoyo antuk pokil, iku traping tikus clurut, tan pisan magepokan, patraping kawruh kang yukti, suprandene kanan kiring keh wong prapto. 
18. Dadyo pakumpulaning wran, tani-tani den jarwani, kang tan wruh dugo prayogo, iku kang den senengi, guru mangkono kaki, memper wowo ing wono gung, sipate koyo janmo, nanging tan wruh kang patitis, ojo siro pracoyo ngelmu mangkono.
---------------------------------------- 
(1) Mbok manawi prayogi tinebas sabar darono.
(2) Wig(awig) ; pikajengipun tiyang saget.

V. M E G A T R U H 

1. Kang saweneh ono mukmin(1) sung pituduh, ing ngelmu sampurnengpati, kang patitis paranipun, ninging praloyo umanjing, sadat sekarating maut.
2. Miwah puji tatkolonyarso rinacut, neng lawang sawiji-wiji, ono dhewe pujinipun, lah iku mukmin niwasi, tan yogyo dipun pitados.
3. Iyo iku wong pracoyo marang wuwus, wuwus ingkang dakik-dakik, rehning sinalinan tembung, wong Jowo kang durung uning, boso Ngarab dadi elok.
4. Melok milik emeling cangkem, sinengguh nyataning kawruh kang luwih, saking cupeting panggayuh, yayah kabentur ing wangsit, wasito kawruh kang nglamong.
5. Omong-omong tutur ingkang wus kalantur, tur tuturunan jaman kang wis, wiwisikane pro guru, alam Budho tanpo saksi, temah ngalingi lelakon. 
6. Kaelokaning ngagesang kang kalantur, ono maneh ngulomo di, ambaboni, muruk kawruh, mruhken trap pati patitis, soroging wayangan tinon.
7. Mahyeng wujud putih mawenes tur mulus, sarupo ingkang ndarbeni, gumawang cahyo ngunguwung, neng awang-awang kaeksi, ginulung pareg wignyanjog.
8. Jajar linggih iku den anggep panuntun, mring kamuksan kang patitis, titising tyas linalarut, kinaryo gandhulan pati, manjingken swargo kinaot.
9. Iyo iku guru kang maguru luput, podho bae salah tampi, suprandene wong kang kumprung, mathem tyas tinohan pati, tetep sumaguh pitados.
10. Nora weruh dayaning netro kang ndulu, nyipto opo bae keksi, rinupan kang gumun-gumun, kageleng nirmayeng batin, neng kono sayekti katon.
11. Nadyan Mekah Medinah cinipto wujud, pasthi kaeksi neng kono, saking dayaning pandulu, ripto ciptaning panganggit, anggiting guru sajatos.
12. Dupi wruh guru sajati sru gumun, resepseneng eneng ening, angen-angene anggugu, pracoyo kang den tingali, kukuh kuwat wit tyas kamot.
-------------------------------- 
 (1) Mukmin; tiyang ingkang nandhang iman.
(13). Iyo iku tondho wong ciptaning kathung, rurupan ingkang kawsthi, yen guru kang ambeg sadu, moncol cipto wig maletik, cakep cukup amaido.
14. Nora keguh sarambut pinoro sewu, dudu yen maksih kaeksi, dudu lamun maksih suwung, dene kang katon mawarni, iku pangrasaning wong.
15. Cipto ripto saking netro dayanipun, tep tinetepan kang uning, durung ning jenenging guru, guru paugeraning jisim, durung jajah durung tanggon.
16. Marmaniro dayaning sorot puniku, kadarbe wong kang miranti, yen wong wuto nora weruh, lah iku pikiren kaki, ywo pracoyo wujud katon.
17. Ywo pracoyo marang wujud ingkang suwung, lamun siro durung uning, nglamkoni weruh ing suwung, myang nglakoni wruh ing isi, isen-isening tyas tanggon.
18. Enggon durung enggon wis, wus kacakup, balik panggonan saiki, golekono kang katemu, muwuhi patraping pati, urip ngarep-arep maut.
19. Yen sujanmo nirdeyo manrang pakewuh, guruning pati wong mati, guruning urip wong idhup, adheping kahanan jati, anane mengku sapakon.
20. Seje lawan janmo rucah ngronce kalbu,pinter nggulung gulung gilig, sipat rong puluh ginelung, biso ndadekaken siji, iku pintering gandarwo.
21. Kang sampeko anjereng sipat rong puluh, lakune sawiji-wiji, kosok baline kadulu, kacakup cakep nyukupi, praboting urip wis melok.
22. De wong cubluk patraping ngelmu, kalimput,sedhakep suku tunggal ning, babahan nowo tinutup, poncodriyane pinatin, tikswane grono den ilo.
23. Itu justak tidak sekali bertemu, wong Budho ngelmuning ringgit, ngelmu Budho kang wus bawuk, dudu agamaning nabi, salalahu urip manggon.
24. Yen Njeng Nabi Mukhamad mustafalahu, manurat Qur'an njarwani, manuswo sipat rong puluh, ginelar ngupoyo pamrih, mrih sampurno tur waspaos.
25. Yen tinutup mbatalken islaming manus, ngowahken napas tan kenging, pamyarso pandulunipun, karso pangandiko sami, kinen mamrih trang mancorong.
26. Piro-piro kitab Qur'an nutur, mring wong kang tuno ing budi, yen tan mulyayu(1) tan wruh, kalingan sasaring pikir, kira-kirane wong jomblo.
27. Jomblo suwung malompong lir pendah cumplung, rinubung ing laler wilis, jer pangananing kwang wung, kukuwunge tan pinikir, kira-kirane kajlomprong.
28. Netranyo ndhik mantheleng soceng pring petung, peteng patine matengi, ing urip kang nora weruh, nora ngrungu wosing pati, uripe bae tan enjoh.
29. Ojo maneh pati durung tau weruh, prandene ngaruh-aruhi, wong bodho nora wruh ngelmu, pangrasane sasar sisip, kang akeh janmo momoyok.
30. Ing Ngayogyo Surokarto myang Madiun, sapangetan atas sami, kawruhing ngelmu meh jumbuh, poro jhamur sring nanampik, anacad wong kang bodho.
31. Keh padudon babantahan udur ngelmu, supoyo wong kang prihatin, nuli enggalo maguru, dheweke nampi pokil, sego wudhuk ayam babon.
32. Ono maneh sarjono mbeg putus ngelmu, mulang muruk marang murid, lungguhing sagoro gunung, Mekah Medinah neng jisim, ati pitu jantunging wong.
33. Lamun mulang tarikat dalaning kawruh, klimah tayibah pinusthi, lailaha ilolahu, den ubetken dhadhaneki, lebu wetune kabatos.
34. Puji napas tan keno pegat saidhup, wetune muni allahi, leburing napas muni hu, iku ingkang den kencengi(2), dadi sempurnaning maut.
35. Ono maneh kawruh Budho maksih klaku, sastro jendro yuning bumi, dadi pangruwating diyu, jare manuswo wruh pasthi, patine sirno krahayon.
36. Sastro jendro yuningrat sastro ho suku, hu huteg panjinging gaib, suprandene keh wong kang nungsung, yen wus winejang pinundhi, sasat wong nembah tekekong.
37. Lah prayogo kucirono(3) bae bagus, klonthongan adol sembagi, teh tangkuweh gulo batu, ing mongso cembeng mumuji, ing klentheng nggone ngelmu wos.
38. Ono maneh guru muwus tiru-tiru, warongko manjing ing keris, keris manjing wrangkanipun, nanging tan biso nakseni, iku temahane goroh.
39. Barang wuwus bareng ngelmu barang laku, yen wong putus nganggo saksi, nyatane ingkang kawuwus, wirang den erang-erangi, dennyo ndanani maring wong.
------------------------------ 
 (1) Wonten ingkang kaserat ; yen tan mudyayu.
(2)       -           "              -         ; den senengi.
 (3) Ingkang nembah Toapekong puniko bongso Tiong Hwa kolo semanten jaleripun sami ngangge tauw cang(kucir).

 VI. A S M O R O N D O N O

1. Heh sagung samyo miarsi, surasaning srat meniko, putro wayah ingsun dhewe, aywo nganti kawodoko, binabar ing wong liyo, reh iki dadalan kawruh, luthung kinaryo ngupoyo.
2. Ing ngelmu ginowo mati, kang patitis tanpo samar, aywo angantepi kiyo, lan malih siro welaso, mring mukmin Solo Yogyo, ngelmune akeh kasebut, aneng kene wijangiro.
3. Lamun kongsi krungu kaki, sayekti dumadi kembo, trakadhang sengit mring kowe, saking cingkranging kawruhnyo, wirang lamun takono, arso madoni tan nggayuh, wit wus entek kawruhiro.
4. Wataking mukmin semangkin, lamun kasor ing wicoro, ing guno myang kasek dadi minggir tan micoro, sumambung nora biso, nedyo urun luwih ewuh, reh nggepok laranganiro.
5. Tondho nalare sacuwil, weruhe kalingan netro, muwus kalingan cangkeme, mireng kalingan ing karno, mambu kalingan grono, kalantur tyas wus kasub, rejaseng kawruh kang samar.
6. Samare kalingan budi, budi tuno liwat salah, ngukuhi benere dhewe, pangrasane tanpo somo, yen tinakon muridnyo, ngelmu ingkang ewuh-ewuh, cinokro nur pracoyo.
7. Smu sengol amangsuli, yoiku wong mukmin mamak, muk-mukan peteng tyas epeh, lawan malih sering ono, mukmin darbe papacak, marang putro wayahipun, tanpareng ngguguru liyo.
8. Wus terang tan ono ngelmi, kang ngungkuli kawruhiro, wong liyo-liyone goroh, kadhang winastan kelangkah, mukmin ingkang mangkono, angrasuk budining munyuk, samar lamun kaungkulan.
9. Kuwatir yen tan pinundhi, tondho yen ngelmune tuwo, dene mukmin kang cak seneng, kawruh danuryo mulyarjo, tan sumelang kasoran, lamun nyoto ngelmu putus, lir lisah kalawan tuyo.
10. Kawruh iku pami rukmi, pinendhemo ing pawuhan, mesthi tetelo mancorong, yeku atining sujanmo, kang putus sandhining Hyang,sabarang nora kalimput, padhang ngungkuli baskoro.
11. Rad jagat kawengku siji, panjereng sasmitaningrat, ngebaki bumi langite, panggulunge tan katoro, wruhing Gusti kawulo, wruh rusaking barang wujud, wruh dadining kahanan.
12. Rat jagat kawengku siji, panjereng sasmitaningrat, ngebaki bumi langite, panggulunge tan katoro, wruhing Gusti kawulo, wruh rusaking barang wujud, wruh dadining kahanan.
13. Wruh jumenenging Hyang luwih, weruh dadine kawulo, pisah-pisahnyo tunggal wor, kabengkas nerdyaniro, wus tan kacokrobowo, nggugulung ginulung gulung, gelenganing tyas sampeko.
14. Kang saweneh mutangalim(1), sorah marang muridiro, nora aweh atatakon, kinen ngukuhi kitabnyo, puji dikiring pujo, asembahyang limang wektu, kewolo ingkang cinipto.
15. Rino wengi puji dikir, sahadat salat lan jakat, puwoso kaji tandhane, yeku pikukuhing Islam, sayekti antuk ganjaran, nora aweh angguguru, takon marang wong sarjono.
16. Tansah ngukuhi pamuji, puji kang katur Hyang suksmo, sadat salat sadinane, bakal tanggung karusakan, ing ndunyo terus ngakerat, yeku wong kepaung wuwus, dadi wis nora waspodo(2). 
17. Sadarpo ewuh wong muji, pujine katur mring sopo, priye dennyo ngaturaken, lamun wong kang wicaksono, tan mangran boso sworo, swaraning Allah puniku, sayekti nora pracoyo.
18. Sandhining Hyang nuksmeng wadi, lamun durung kanyatahan, tandhaning asmo kapriye, saestu banget tan nggege, yen durung tetelo trang, trange kang sinembah iku, binatalaken kewolo.
19. Ono maneh santri nisthip, wawarah mring muridiro, sadat salat datan aweh, reh wus salat sadurungnyo, wus poso sadurungnyo, yoiku santri kepaung, salah ucape kianat.
20. Iku wong ngukuhi pikir, usiking angen-angenyo, awit ndhisiki tandhane, kang sembahyang iku Allah, janmo kang mangkono gemblung, muyab atine katriwal.
--------------------------------- 
 (1) Muta'alim; ingkang putus ing ngelmu.
(2) Wonten ingkang kaserat; nora pasojo.
21. Heh to sagung poro murid, wekasingsun pomo-pomo, ywo siro mucap mangkono, iku setan sipat janmo, mamak tan wruh ing toto.
22. Wong ngrusak sarengat nabi, anglebur tataning projo, kang wus kanggo salawase, ywo darbe tekad mangkono, ing lesan lan wardoyo, wong nalare mung sadumuk, iku angger den waspodo.
23. Lan malih sun asring udani, ujaring wong jaman kuno, maksih den anggit saprene, koyo to wong kang pracoyo, ing barang kaelokan, pracoyo ing kayu watu, patilasan jaman kuno.
24. Akeh bae wong samyo ngling,koyo to njeng nabi duto, Mukhamad ingkang konsot, mangkyo maksih neng swargo, ngenteni kawulanyo, yeku ujar wong kapaung, sasat baung ing wanargo.
25. Ono maneh jaman iki, Kanjeng Sunan Kalijogo, maksih mriyangyang uripe, akeh kang ngaku kepanggyo, gadhung serban jubahnyo, kang saweneh ngagem wulung, jaman makam tan pratelo.
26. Trakadhang ono mukmin, ujar pinusthi pratignyo, luwih kenceng panganggepe, ratu kidul maksih ono, jin pri prayangan setan, gandarwo seterosipun, iku ujare wong samar.
27. Yen wong waskitho ing westhi, nora samar kaelokan, masthekken dening kawruhe, yen dinulu nora eno, jin pri prayangan setan, gunung-gunung guwo samun, tan  ono sawiji opo.
28. Wong ahli roso sajati, tan nyokro bowo kang sunyo, wit poncodiryo jinereng, wruh ing ganal-ganal lembat, cakraning tyas klantipan, ing mangke ratuning tamtu, jin setan pri tan ono.
29. Mung kandheg babasan kidhip, goroh tyase wong kasasar(1), kalantur kuno kunane, kongsi prapteng jaman mangkyo, maksih akeh wong Budho, sipating manuswo cukup, ananging sasat gupolo.
30. Candhi sewu ngapit margi, mung bedane darbe krekat, yen mangkono tunggak growong, ing njero isi canthuko, tan pisan ayipto padhang, peteng tyase nyamut limut, dudu patraping manuswo.
31. Dene kang penggalih wening, jin setan sipat manuswo, kuno praptane samangke, kang mitenah mring sasomo, tan liyo podho bongso, sengit trisno witing laku, ing kono lah rasakno.
32. Yen maksih pracayeng kidhip, barang cukul ingkang mekal, den anggep lir weruh dhewe, iku wong atine sasar, klantur lantur katriwal, mumuk petengnyo tinutup, poncodriyonyo priyonggo.
33. Sajatine pikir sisip, angen-angen kang mblasar, kleru tompo panampane, wus mangkono yen wong Budho(2), sanadyan den jujuo ing ngelmu, kang memet nyamuk, yekti anasar kewolo.
34. Lamun wong tuno ing budi, malah nyimpang saking padhang, mring pepeteng pangancame, nggugu crito ngoyoworo, kang den anggep sanyoto, nanging nyatane nora weruh, iku wong pikire tuno.
35.Yen mangkono tanpo kardi, ngelmu Ngarab prapteng Jowo, kitab Qur'an sasamine, winedhar ing wali songo, dalil asung pratelo, jarwo-jarwo mrih nununtun, mring manuswo punggung mudho.
36. Nanging keh keliru uning, tekade dudu manuswo, klenthing jaman samangke, kapulet mulet ing jajal, jin setan nora uwal, iyeku atining manus, kang durung pratameng sastro.
37. Akeh wong kang biso nulis, ngaji sastro Jowo Ngarab, arang kang biso cumanthel, awit katarik ing tekad, mring bongso kaelokan, lah iku marganing kliru.
--------------------------------- 
 (1) Wonten ingkang kaserat; wong kang samar.
(2) Sadoyo ingkang mungel Budho sanes tegese Budhist utawi Budhisme, pikajengipun Animis utawi Animisme.

 VII. M I J I L

1. Ingsun wus mloyo njajah bumi, ngalor ngidul ngulon ngetan, tepung tanah Jowo kiye, muruito poro wegig-wegig, critengsun kang wis poro guru guru.
2. Amimijang lir patraping jajil, kukutug kang elok, asasaji barang rupo sajen, pambengate ngelmu tanpo saksi, sinaksen ing ati, ati kang kalantur.
3. Lamun guru tanah Ponoragi, kang pinustheng batos, manembah mring Hyang Suksmo patrape, den tangisi rino lawan wengi, mring sawargo adi, akhiring tumuwuh.
4. Amuwuhi reribeting pikir, kang tansah sumedhot, rono wengi kleru pangancame, mamagani sir ingkang nalisir, nora ono den sir, sucipto kang jumbuh.
5. Nang Pacitan sun wus amumurid, winejang trap layon ngelmu, nakis Bandiyah arane, pamawase soko puji dikir, pinanjingken maring, sajroning sastro hu.
6. Ingkang kongsi wuru cipteng batin, batine mencorong swargo naroko, yekti katon kabeh, nadyan poro leluhur ingkang wus, katon lir wong ngimpi, ngakherat neng ngriku.
7. Marmo wong kang panganggitnyo tipis, yen mentas wruh nyonthong, nyenthung ngungun ing kanyatahane, akeh podho udroso luh, mijil siksane Hyang Widhi, kang katon ing ngriku.
8. Dadyo kenceng pamuseng pambudi, ngadekken lelakon setyo wardoyo, smu panganggite, patrap ingkang mangkoneku, kaki laknat ing Hyang Widhi, dalil nora tutur.
9. Kasasaring cipto ripteng pikir, pikire wong jomblo, dugo prayogane mung sepele, dadi mathem mantepe ing ati, tan wruh ati tipis(1), pracayeng pangridu.
10. Ridhuning wong tumitah neng bumi, ingkang elok mokal mokal, dayaning ciptane, cipto culiko ngeculken wadi, wit piningit, sinengguh neng ngriki. 
11. Barang opo ingkang elok prapti, gyo pinusthi katon, lah ing kono pikiren, dayane, yen wus weruh pikiren kang bersih, tintingen kang enthing, wong sinau putus.
12. Tumulyengsun angguguru malih, ngelmu kang sajatos, Bendhodapit ing padhukuhane, tanah Blitar wus kasusreng warti, titining pangeksi, niskaraning ngelmu.
13. Malem Jumungah winejang ngenthing, winruhken trap goroh, Allah Mukhamad neng netro karo, rasulullah roso kang sajati, jatine umanjing, jroning netro nemu.
14. Ngalam jembar kababaring wiji,  cukul langgeng awor, Allah Mukhamad langgeng wujude, aneng kono langgeng tan pantawis, sinasaban puji, salat karyo sintru.
15. Nuli ngalih angguguru malih, ngelmu traping maut, aneng nagri Kadhiri winaleh, ing sasmito kang bakal pinanggih, ndunyo prapteng akhir, gyo kinen andulu.
16. Wayangane janmo kang kaeksi, putih amancorong, nora siwah ing salagehane, lir kang darbe wayangan tan slisir, sanyoto kaeksi, den anggep Hyang Agung.
17. Yen wus weruh kang mangkono pesthi, bener sirnanyo njog, ring kamuksan langgeng salamine, wusnyo trang sun luru guru malih,  antuk sawiji wig, ing Maglaran dhusun.
18. Gyo winejang kinen aningali, rupo kang mancorong, kadyo wulan purnomo tandhane, jroning guling kaeksi lir ngimpi, ngimpi dudu ngimpi, iku maksih luput.
19. Awit angen-angen kang ningali, warno kang mangkono, tondho durung lungo soko kene, sigro ngalih malih guru nadhi, neng Gembong umanggih, guru tameng kewuh.
---------------------------- 
 (1) Wonten ingkang kaserat; tan wruh marang ati titis
                                            -----------------------
 20. Tanpo tutup pamejange gaib, mung kanthi pasemon, kadadyaning manuswo akhiri, tibeng suwung mengko(1) ono jati, mratani sabumi, iku kinen ngluru.
21. Iyo iku barat kang nrambahi, bumi saantero, napasing wong iku sajatine, asal soko angin dadi angin, kang bakal pinanggih, lirnyo manjing suwung.
22. Suwung wang wung wuluh wung wang isi, napas angining wong, ywo pracoyo ngelmu kang mangkono, podho lawan agomo Sarani(2), saben Ngahad manjing grejo Yesus Kristus.
23. Minto jembar kubure yen mati, lepas parannyo doh, iku deso Ngoro panggonane, Mojokerto araning nagri, meh lumrah wong Jawi, ngiso gomo luhung.
24. Kang mangkono iku datan yukti, wirang ing lalakon, nora weruh agamane dhewe, ngelmu opo bae anjarwani, ingkang dakik dakik, lembut memet nyamut.
---------------------------- 
 (1) Mbok manawi leresipun; mengku ono jati.
(2) Rumiyin tiyang ingkang ngrungkebi agami Nasrani klebet nganeh anehi.
25. Saking angele agomo nabi, Mukhamad kinaot, dining kanang pangolah yodane, jotho antaraning kawulo Gusti, wit urip mring pati, titi temah jumbuh.
26. Anakseni biso dadi saksi, ring kawruh kinaot, wong maguru dadi guru dhewe, Kanjeng Nabi Mukhamad Sayidin, Mustopo sinelir, poro manuswo nung.
27. Nung winenang atine awening, njeng nabi setyondon, tan kacokro bowo pasemone, janmo mangke kang angaku nabi, bisoho mangirib, kadibyan ingkang wus.
28. Nyatane Mukhamad luwih  sungil, angeling lelakon, nora aweh yen durung pratemeng, gampang wong kang ngaku aran nabi, lirnyo nabi wening, wenang njereng ngejum.
29. Mim awal (                  ) sirah, akhe (               ) ing dhaheki, min akhir (                 ) wudel wong, dal (                  ) sukune kewolo(1) tan angel, sedene ros(2) rasane Hyang Widhi, gampang bae kaki, saben bocah keh weruh.
30. Lah kepriye patraping pangesthi, tirto nirmoyonjog, jaman mukso menyang ndi parane, jaman urip kinaryo punapi, patine nyang endi, opo sababipun.
31. Pupujanen kang kanthi prihatin, patraping lalakon, wajib wenang siro kinen golek, rehning wong urip jodhone, tan keno sumingkir, tumempuh ing idhup.
--------------------------------------- 
 (1) Mbok manawi pikajengipun prakawis anekadaken bab sipating kawulo kaliyan dating Gusti.
(2) Kintern kinten gambaripun mekaten :




(3) Mbok manawi leresipun roh ingkang dipun pikajengaken (pir.pupuh XIII/11)
32. Koyo priyo adheping patitis, janmo suro tanggon, ngenggon-nggoni sangkan parane, myang antoro kapundhi kapusthi, yen wus kurban saksi, sanyataning laku.
33. Sun wus manjing guru tanah pasir, ngelmune kacrios sadat, sakarat ing pamijange, wijang-wijange sawiji-wiji, la illah illahi, dununging palungguh.
34. Riningkesing jumbuh kumpul siji, umanjing ing njero, lawan ono tondho katontone, neng njro cermin pangiloning warni, binuang koco nir, maksih lu dinulu.
35. Iku maksih kuwur wor ijajil, jajal lanat melok, nuli ono wong pratomo maneh, tanah Clacap deso Jeruk Legi, pamiridhing ngelmi ndakik, sengguh nyamut.
36. Memet umeting Mukhamad nabi, sajatining uwong, myang dat sipat asmo apengale, lirnyo kang dat angen angen batin, sipat wujud janmi, asmo araning hu.
37. Apugal panggawening lahir batin, batine Hyang Manon, napasing wong den umpamaaken, kemladeyan nunut anguwati, pamejangnyo remit, thuk thuk adu bathuk.
38. Larangane kang winanti-wanti, tan ono kacrios, kudu uluk salam salamete, warno-warno jroning tanah Jawi, akeh kang anyami, papacuhipun.


 VIII. P U C U N G

1. Sun ngaluyur, murang margo luru-luru, sampurnaning gesang, miwah sampurnaning pati, koyo priye trape kang pinudyeng tuyo.
2. Nuli nemu, neng Pakalongan wong putus, wewejanganiro, lailaha ilollahi, wusnyo kawin, nulyo nglunturken wasito.
3. Kang tinutur, pralambang patraping ngelmu, mangkono bakunyo, kang kinaryo nomer siji, randhu alas mrambat witing kasembukan.
4. Iyo iku, raganing wong pami randhu, napase sembukan, uripe manuswo iki, saking napas lebu wetune pinujo.
5. Malihipun, nomer ro ingkang tinutur, cebol nggayuh lintang, lumpuh angideri bumi, iyo iku dayaning pikir manuswo.
6. Tunggal wujud, angen-angen siring kalbu, pratandhane ono manuswo, lungguh neng ngriki, pikir biso mubeng anjajah nagoro.
7. Nomer telu, winijang wijang tinutur, ugo linambangan, uget-uget nguntal bumi, iyo iku kababaring pancering netro.
8. Dene lamun, nedyo manyatakken kawruh, wuwuhing sampurno, kudu wruh kanthane pati, nuli ingsung binungkem dalaning napas.
9. Sruh tinutup, dadalan wruh ing maut, patrape palastro, napas nora keno mijil, lah to iku rasane luwih rekoso.
10. Rehning ingsung, wong bodho ceguk truwilun, banget sewu nrimo, ngungun ing tyas trima kasih, sun rumongso rejaseng sih suksmantoyo.
11. Pangrasaku ndulu, tan liyo kang ndulu, kulunging wardhoyo, narambahi budi mletik, nora weruh ngelmu Budho kang katriwal.
12. Tan pakantuk, yoiku guru katawur, yen wong kang wus pono, nadyan angicipi pati, kang patitis tan mangkono patrapiro.
13. Qur'an matur, wataksimuko bilahu, wardine mangkono, heh janmo kang ati-ati, podho siro ngreksoho talining Allah.
14. Kale iku, napas tinutup tan metu, yekti nora keno, dadi tetep wong musrik, mamet puniki yen wong mati gurune janmo praloyo.
15. Yen wong putus, sandhining Hyang kang kalimut, sampurnaning pejah tan sudi, mamet puniki yen wong mati gurune janmo praloyo.
16. Yen wong idhup, maguruo janmo idhup, adheping ngagesang, kasangsang madyaning bumi, amijani mring putro wayah tumerah.
17. Reh kacakup, cangcut kyat cakep kacakup, pamedharing ganal nyamut lembut wus kapusthi, pasthi pedhot sasmito kawruh sampeko.
18. Wiweko gung, kageleng dadi gumulung, lokasing ngagesang miwah manising pambudi, dadi doyo tarbukaning tyas kang samar.
19. Luwih ewuh, dadalane wong tumuwuh, mrih wuwuhing roso, rasaning jagad binudi, Jowo Ngarab ginulet titi tur podho.
(1) Musrik tegesipun ingkang nyakuthokaken Pangeran.
20. Kand dadi wus, waseso semune luhur, Bayan Allah(1) terah, mratandhani kehing urip, urip iku dayaning sasmitaningrat.
21. Mustiko gung, ing ndunyo tan ono kadulu, mratani kahanan, amung manuswo kang luwih, iyo iku sewu nugroho wawantah.
22. Marmanipun bagus, dudu rupo wangun, mung tondho kang nyoto, padhange ati nrambahi, ing wicoro kang wus carem liring limpad.
23. Sukur bagus, rupo myang wicoro wangun, ngelmu kasusantran, Jowo Ngarab kang patitis, myang sandhining tulis basukining boso.
24. Mangkyo wangsul, mangsuli laku ngaluyur, mbraung njajah projo, angupoyo ngelmu jati, jatining wong kabutuh tan mengku drajat.
25. Amung lothung, tinimbang dadi wong gemblung, padune wus kalah, kinaryo narimeng pasthi, reh papasthen dinulu nora pratelo.
26. Ngulon nurut, saking Pakalongan terus, sarwi nungsung warto, angupoyo ngulomo wig, dupi prapto dhusun Tanjung bawah Tegal.
27. Sun angrungu, ono sajugo wong putus, tatas kawruhnyo trang, nuli sun maguru ngabdi, amiminto lumunturing kang wasito.
28. Aneng ngriku, kongsi antuk tigang tengsu, reh tanpo praboyo, marmo kelampahan ngabdi, saking welas tumulyantuk kawelasan.
29. Kang tinutur, patrap paratikeling lampus, aran panengeran, kaprikso sajroning urip, kurang patang puluh dino wus pratelo.
30. Iyo iku, neng tutuk panggonanipun, palenggahan roso, kalamun wus nora keri, kurang patang puluh dino prapteng mongso.
(1) Bayan Allah(bayaanu'llah); penerangan bab Allah.
31. Kurang pitung, ari kinen andulu, wus tan kontho warno, telung dino kulit daging, tan kumrisik lamun wus kurang sadino.
32. Napas mlebu, metu asrep kewolo wus, cupet ing ngagesang, nulyo no rupo sajati(1), cahyo lembut sarambut keksi ing ngarso.
33. Pecatipun, nyowo saking jempol suku, minggah mring gelangan, nemu regol den arani, nganti lawang sapto trus munggah ing utak.
34. Nuli nemu, rurupan kang gumun gumun, ing kono kapanggiho, lawan Hyang kang murbeng bumi, kontho warno lir rupaning sun priyonggo.
35. Glis lumebu, mring kontho ingkang kadulu, yen wus nuksmeng kono, nulyo jumeneng narpati, iyo iku nggoning swargo kang mulyo.
36. Bakin(2)terus, urip nora keno lampus, enak tan pantoro, den arani sipat kadim(3), lirnyo kadim badan alus mengku sipat.
37. Mangkoneku, guru linglung tanpo kusur, kaliru ing tekad, tur nora biso nakseni, datan weruh iku agomo Sangsekerta.
38. Tegesipun, Sangsekerta tembung wong Indhup, memper Kawi Jarwo, dene kyai Tanjunguni, mung bedane tolek(4) tembunge wong Arab.
39. Kacek tembung, maksih bosone wong Indhup, mangkono tekadnyo, dhasar sun minto wangsit, neng Batawi angguguru wong Turkistan.
40. Dadi luhur, akeh wong ingkang sumungsung, tur den alembono, pribadi sang soyo wingit, pangakune saking Crebon Kanjeng sunan.
(1) Wonten ingkang kaserat; kaserat; rupo sawiji.
(2) Baqin (Baqan); langgeng.
(3) Qadiem (qidam); wonten wiwit rumijin milo.
(4) Tolk; juru boso, ing ngriki pikajengipun boso.
41. Jamanipun, wali titinggalan iku, maksih rupo derah(1), binuntel sap pitu putih, kinutugan ing dupo saben Jumungah.
42. Nembah jumbuh, lir braholo sru makukuh, kukuh adheping tyas, yen siswo diambeg julig, nora sudi nadyan Qur'an tan sinembah.
43. Wit mituhu, tembunging kitab papacuh, tan kalilan nembah, rurupan liyaning rabil, ngalamina(2)ingkang kak wujuding suksmo.
44. Nulyo ingsung, aneng Batawi kapranggul, gurune wong kalap, gomo Kristen kitab Injil(3), sun muruito trap pratikaling sampurno.
45. Tan sinung wruh, mung kinen madhep kang sujud, nora sah ing kayat, jatining kawulo Gusti, manuswo gung kabeh putrane Hyang suksmo.
46. Kang sumengkut, angenggon-nggoni kang jumbuh, ngaku nabi Ngisa, rohullah kang mengku urip, iyo iku angen-angen lawan napas.
47. Kang mangestu, ing mbenjing masthi katemu, kanjeng nabi Ngisa, sayektine saksih nganti, kawulane aneng swargo kasapto.
48. Iyo iku, wong kabentur tembung bagus, Injil crito mulyo, kang den pertal tembung Jawi, luwes dhemes tuwan Winter Surokarto.
49. Ingkang bagus, luwih rerengganing bagus, mulyo di utomo, kang memelas asih, sing amulat wong Jowo akeh kagiwang.
50. Nora weruh, peteng atine kalimput, mepeti tyas mamak, muk mukan tan darbe pikir, kiro-kiro lan panyanane katriwal.
(1) Derah; pepethan.
(2) Rabbul'alamien; ingkang mangerani sadoyo alam.
(3) Pamanggihipun pangripto; Islam ingkang namung sak pitados thok.
51. Wong Jowo gung, ing Batawi samyo nungsung, salin sesembahan, manut tataning Sarani, malbeng grejo manembah arep-arepan.
52. Kang sinengguh, nabi Ngisa maksih idhup, iku dadi tondho, linglung klalanganing pikir, wireng isin wong Jowo salin agomo.
53. Gamanipun, Ngarab pribadi tan wruh, nggayuh gomo liyo, suprandene den antepi, wus prasasat wong Ngoro ing Mojokerto.

 IX. P A N G K U R

1. Wong Kristen agomo Ngiso, tanah Jowo tekade keh nganteni, kelu crito edi nyamut, pangrasane tetelo, ing Batawi Semarang Suroboyo gung, Pasuruan-Sidoarjo, ing Malang tuwin Kadhiri.
2. Deso Gombong tanah Ngromo, tuwo enom lanang wadon mastuti, mring Injil pituturipun, ingkang luwih sampeko, anyukupi urip prapteng patinipun, yen guneman amacithat, nanacat amomoyoki.
3. Marang agomo Mukhamad, kang mangkono iku datan prayogi, awit ing sayektinipun, sakabehing agomo, nora ono ingkang olo ingkang bagus, de anggepe bongso, Islam tan ono ingkang ngungkuli.
4. Agomo nayokoningrat, kanjeng nabi Mukhamad kang sinelir, nganggit Qur'an kang dumawah, dadi umuling(1) kitab piro-piro, kawruh ingkang bagus-bagus, ngenengaken marang tekad, olo becik den kukuhi.
5. Pangudining sangkan paran, kauripan kang jumbuh tur pinardi, sinojarwo winowuruk, kadadyaning tumitah, angawruhi sabarang reh kang gumulung, gelenganing tyas nerawang, goroh yekti kanthi saksi.
6. Neng Batawi sun muruito, mring wong cino panengeran bak Tik Suwi, winruh ken kawruh kang jentus, panggonane kang murbo, dununge neng ngisor bumi kang kapitu, iyeku Allahing cino, ajujuluk Kok Hong Sang Ti.
7. Pardhikane kinawoso, kang maseso saisine buwono di, yen pinuju muji jumbuh, sayektyasmu pratelo neng papreman, lir manuswo sipatipun, de lungguhnyo kang sanyoto, aneng manik netro kalih.
8. Iku ingkang jinalukan, rino wengi mathentheng ing ati, yekti opo kang kinasdu, ing ndunyo terus ngakherat, pasthi nemu sabarang reh tekadipun, mangkono patraping cino, tan bedo sujud ring wedhi.
9. Akeh-akeh pituturnyo, mokal-mokal tan kasebut nang ngriki, dene riringkesanipun, wong ulah ngelmu cino, kang wus pono sajroning limolas tahun, biso bali marang ndunyo, tumitis marang babayi.
10. Sun malih terus ngupoyo, sampurnaning pati ingkang patitis, neng Cikandi raning dusun, bawah ing kutho Serang, yen ing kono ono wong kacrito putus, tunulyo sun muruito, wanci ratri sinung wangsit.
11. Winejang ing tembung Arab, sahadat la ilaha ilallahi, wa anahu mukhamadun, rasulullah mustofa, linungguhken sastrane sajuru-juru, aneng badane manuswo, luwih ndakik gaib-gaib.
12. Ngelmu sarengat tarikat, hakekat lan makrifat ing palinggih, suku wudel dhodho terus, resik bresih sabadan, asal-asal mulo bukane tinutur, miwah akhiring tumitah, manjing neng suwargo nangim(1).
13. Nuli araning segoro, linungguhken aneng badan sakalir, koyo to usus puniku, ugo aran sagoro, winastanan sagoro rante puniku, gigir winastanan sagoro, ageng ingkang tanpo tepi.
14. Jantung ing aran Madinah, betal makmur(2) ing Mekah kang palinggih, iyeku aneng sastro hu, lan malih sinajarwan, suryo wulan sumurup ing netranipun, de putih irenging netro, dadi rino lawan wengi.
15. Saking cupeting tyas ingwang, sru narimo suko sukur ing Gusti, pungun-pungun getun ngungun, ngangseg mantep ing driyo, pangrasengsun ngelmu lembut memet nyamut, wruh umetnyo mim mukhamad, tablige(3) pratisteng jisim.
16. Rumongso rejaseng tingal, selulut sih Gusti kalawan dasih, mathem mathentheng ing kalbu, musthi ring suksmantoyo, maletik ing jotho tan rumongso manus, ambeg sang Seh Siti Jenar, tan wruh yen agomo kang wis.
-------------------------------------- 
 (1) Jannatun(suwargo)na'im.
(2) Betal makmur(griyo parameyan) wonten ing wirid dipun tegesi uteg, Sastro hu; huteg.
(3) Tablig; tetep.
17. Yeku agomo Pakuwan,Hyang Brahmo kang mbaboni amiwiti, ugo Budho jamanipun, luhurnyo prapteng mangkyo, sinalinan tembung Arab kang kalaku, jaman agomo Mukhamad, met kitab sangkaning kidhib.
18. Supayeku ginuguwo, sajatine tapsir awalnyo sepi, suwung kabeh nora tutur, yoiku ngelmu karang, pardhikaning karang anggitaning manus, nutur ngelmune wong Budho, deh lih tembung ing Arabi.
19. Angelokken ing pangucap, supayane nyalini gomo kang wis, sajatine nora santun, maksih gandhulan kuno, ngelmu Budho woko kang maksih linantur, lulurine kakek moyang, den kencengi prapteng pati.
20. Akeh wong Jowo mangkono, poro guru poro murid tan alisir, ambeg cakep putus cukup, ing ngelmu kasampurnan, satemene wong mangkono maksih ling lung, ngengleng lir wong kalanglangan, pikir pinetengan pati.
21. Prandene akeh wong prapto. anggugulang kalanggenganing ngakhir, kiro-kiro kadaud, sulaping tyas kang samar, ngawur nasar sasaran sarwo kliru, wus mangkono salaminyo, janmo kang nora patitis.
22. Datan patitis ing cipto, wit kaliru kajurang-jurang margi, muk mukan tur nyanuk-nyanuk, buteng prasasat ayam, nucuk jagung neng contongan manthuk-manthuk, tharathakan tan wruh margo, wutane prakoro pati.
23. Wong wuto nadyan weruho, tan pratelo sajatine kang gaib, prayogo ingkang ngguguru, ing tyas kawicaksanan, reh wus ganep manuswo sipat rongpuluh, yen sinau pasthi biso, ngulah sasmito lulungid.
24. Jroning pikiriro ono, ngelmu opo bae kang luwih-luwih, nanging kang pratameng kewuh, ywo ge siro pracoyo, saksenono ing panimbang myang panggayuh, tintingen sarining roso, rasane tumitah urip.
25. Sasmito kawruh sanyoto, lan panganggit kang titi kang patitis, ywo tinggal sabarang guru, guneme pro ngulomo, jaman mangke akeh kang nglakokken palsu, wit kehing ngelmu gumelar, gumrudug akeh mestuti.
26. Kang akeh pro ngulomo, amumulang mring poro anak murid, yen maksih anyar kiguru, mimijang tanpo sarat, mung rasulan lan mori sakwasanipun, yen wus dadi jaran kepang, jathilan ngupoyo dhuwit.
27. Gyo nganggo srikawin semat, wus mangkono paguron yen wus dadi, laris manglaras mumuruk, mundhut arto busono, angarani ing pamrih wetune bujuk, wahyaning pokil pitenah, marmo sagung wong ber budi.
28. Layang iki takokno, ojo mirang isin ngelmu den cupi, cinupan gandhulanipun, larangan kang pinujo, salawase, ono ing kene kasebut, mung podho mamriho tambah, sagung kang moco miyarsi.
29. Lumembak mblabar wutah, lembak-lembak sarehning wadhah cilik, rupeng ciyut mawut-mawut, prayogo den pasango, tanggap ing tyas pandulu pamyarsanipun, mung lothung ojo sumelang, gagandhulaning patitis.
30. Binabar ing kene ojo, uwas watir nir-niran tyasmu, isin, murih jembaring panggayuh, ngayah mangayuh yudo. yekti dadi sarjono mbeg putus ngelmu, kasampurnaning ngagesang, sangkan paraning patitis.
31. Titising kawruh narawang, wawangunaning ngelmu kang tininting, enthing tan ono kadulu, luluh lebur sinonggo, kang wus mathem ing tekad miwah ing laku, kukuh kuwating pamudyo, mudyastuti ing pamardi.
32. Wus nora keno kasoran, kawruh iki mung siji kang ngungkuli, arto kang pratameng lembut, saliyane puniko, nora keguh sarambut pinoro sewu, mung tinimbang karo mlarat, becik ingkang sugih ngelmi.

 X. M A S K U M A M B A N G

1. Ing wilopo kumambang gatining tulis, tulus panedyanyo, manuswo kanggonan budi, doyo karso bedo-bedo.
2. Nandhing milih mangayuh budi maletik, mamrih wicaksono, kang ewuh lembut pinikir, kira-kirane kang nyoto.
3. Ngakal-akal cukuling kagunan, mijil, ing pangreko doyo, kang kanthi saksi nastiti, anel wong tumitah gesang.
4. Luwih gampang wong mikir laraping pati, wus pasthi sampurno, sadoyo anyaring bumi, ing kono lah rasakno.
5. Kang tumancep ing driyo panggalih wening, ning kang wus winenang, netepi uning ananing, anune kang wus pratignyo.
6. Lawan malih pikiren kang mesthi, kenging jumenenging Allah, nora dumunung ing langit, tan dumunung ngawang-awang.
7. Tan dumunung ono sanjeroning jisim, tan dumunung njobo, kale kak wujuddulahi, tembunging lapal mangkono.
8. Wa ama burhanu wujudu lillahi, pokudulul ngalam, tegese tandhane Gusti, mengku anyaring alam bab.
9. Lirnyo ngalam saben maujud kaeksi, sinipatan ngaral tagayur, kang owah gingsir, mung Allah ingkang kadhiman.
10. Mongko ngalam iku kudu nganggo nganti, teteping anyarnyo, patang prakoro kan dhihin, isbatu jais tetepnyo.
11. Kaping pindho anyare kang den kawruhi, kaping tri kang mokal, anyaring ngalam sekalir, ping catur tanpo wiwitan.
12. Sayektine ndunyo puniki tanpo wit, bumi langit lintang suryo, wulan kang kaeksi, sadoyo saking manuswo.
13. Lire saking manuswo ingkang akardi, sagunging kahanan, kalamun manuswo sepi, sayekti tan darbe aran.
14. Lah to pomo pikiren prakoro iki, supoyo tyas padhang, kalamun manuswo sepi, sayekti tan darbe aran.
15. Wis tan samar tanpo kiro-koronyo nir, tan kacokro bowo, nora methok nora miring, iku sandhining bawono.
16. Manuwo gung sadoyo sangkaning bayi, datan darbe karso, tan musik nora mumuji, nadyan Allah durung ono.
17. Bareng prapteng mongso ran isbatul jais, biso nebut namaning Allah, kang murbeng bumi, tiru tiru soko liyo.
18. Luwih mokal luwih gaib luwih sungil, nanging sewu gampang, wong ulah laraping pati, pati sangking sangkaniro.
19. Marmo sagung putro wayah sun prih wagig, mumpung maksih gesang, sirnakno mamanging ati, kapriye trapmu mumujo.
20. Yen wus mati tan biso siro mijeni, putro wayah wuntat, aywo kalantur lir, kang wus mbalasar kajurang-jurang.
21. Ngelmu dudu den antepi den pupundhi, tur kanthi kethokan, gulu ayam babon putih, karemaning rasulullah.
22. Begjo temen wong kang biso nglakoni, opo nora wirang, mumulang mring anak murid, yen kaweleh ing sarjono.
23. Wong kang putus tan biso mung patrap pati, tan biso mumulang, ngelmi kang tan nganggo saksi, agung katempuh ing wirang.
24. Ywo mangkono wong ulah sasmito gaib, kudu kang ajajah, sarining kawruh kang suci, kasambet ing kanyatahan.
25. Jaman iki muyo di akeh janmo wig, akeh sarjanengrat, wong kang mangulah patitis, ywo lonyo sabarang wulang.
26. Nora gampang amumuruk marang murid, kaki mbok manowo, katanggor janmo kang luwih, wusanane kathetheran.
27. Calurutan guru tinon lir thokrani(1), cangkeme kacemutan, yayah palwogo den misri(2), sun tan kasusahan.
28. Sun mimijang mring sarjono putus westhi, tan wruh yen wong pono, nuli sun binudi-budi, tinakonan kang sanyoto.
29. Dadi meneng sun tan biso mangsuli, temah kawanguran, nora biso sun patitis, sun iki nedyo tatanyo.
30. Wekasane kalantur bodhoku dadi, guru garagapan, mamagan kawruh tan yukti, awit tan gelem kasoran.
31. Marmo sagung putro wayah kang niteni, yen ono sujanmo, liring ngelmi, aywo isin muruito.
----------------------------------- 
 (1) Thokrani(bathok digarani) ; siwur.
(2) Den misri; dipun endemi cakakik.

XI. D H A N D H A N G - G U L O 

1. Nuli ingsung saking Serang beli, mring Batawi, nedyo muruito, ngelmu kasidan patrape, antuk warto saestu, kampung Krukut jujuluk sayid, odrus putreng Ajeman, kramat langkung kasub, tumulyengsun muruito, tan alami nunuwun lumunturing sih, sampurnaning kasidan.
2. Sidaning wong tumitah neng bumi, urip iku jodhone palastro, saben ri kalong nyawane, tan wruh kantunipun, sapiro yen maksih taruni, tan pisan nyipto pejah, wusnyo prapteng sepuh, saben dino gung sumelang, awit jisim anyar lawase mrepegi, anggepe pulang kandhang.
3. Pikir mupus-mupus mekso mapit, sumpeg ing ndriyo aningal ndunyo, yen tinariyo patine, saestu matur nuwun, mopo awit senenging ati, gumelaring rat ndunyo, lumyat wayah sunu, kulowargo wongso-wongso, wus mangkono wong aras-arasen mati, ojo maneh manuswo.
4. Nadyan kewan tan wruh ing pati, yen katempuh loro kasangsaran, sikile pincang dhengkleh-dhengkleh, suprandene lumayu, golek urip andhelik-ndhelik, yen mangkono pro sipat ingkang kayat kayun, tan gelem katekan pejah, marmosagung sarjono kang mamres budi, budinen traping mukso.
5. Kang supoyo tan sumelang ing pati, wong sumelang durung trang pamawas, marang laraping patine, onoho ingkang weruh, met wawarah guru ingkang urip, iku durung pratelo, pati kang satuhu, tuhuning praloyo, pati iku rumaket sajroning urip, nyirnakken was sumelang.
6. Melang-melang wong kang durung uning, tansah kacokro panggonan mbenjang, nemu suwargo sararege, ananing durung tau, anglakoni panggawe pati, lamun janmo kang pono, pramanem kang durung, awit saking dene nyoto, angguguru marang janmo kang wus mati, dadi tan ngoyoworo.
7.Wusnyo sun matur mring tuwan sayid, gyo winejang wejanging sasmito, kang nyamut memet umete, ing kene tan kasebut, awit waleh melehken kidhip, manowo kawodo wiwijangipun, salah tampane kang tompo, tan prayogo nguculi ngelumbung, wis manowo kathetheran.
8. Kang wus kalantur ngelmu nguni-uni, yen kawiyak kawruh kang sanyoto, isin nampik gandhulane, wus mangkono pro guru, sesenengan dupi wruhuyonting, tininting tek-entekan, neng kene kasebut, dadi mothok lir pathokan, nora kongkihtur ing batin mikir-mikir, tur anggayuh soyo tuno.
9. Amilo wong ngguguru yun luwih, kaluwihan ngelmu kang sampurno, lir sayid Odrus sajare, pinapajar jinuju, purwo madyo wusono ngenting, mangulah rejaseng tyas, ingkang tyas wus kasub jumbuh, pamusthining nolo klejeming hakekat makripat tunggil, tarekat lan sarengat.
10. Sipat-sipating badan sakalir, dayaning tyas kang mokal kang nyoto, soko saksi-sakti kabeh, kinyas tanpo catur, yen jinereng ngebaki bumi, asal-usule gumlar, melar malar kaglunggu, gulunganing pranyoto, nyataning dat sajati, pinundhi-pundhi, nora kinoyongopo.
11. Susetyaning tyas ngeningken wadi, sandhining sasmito ngelmu roso, sandhining urip pratameng, patining roso kaglung, kulunging tyas smu mantesi, sandhining puji-pujo, pujining tumuwuh, tumuwuhing budi tomo, tameng sandhi janmo tumitah neng bumi, sayogyomet budyarjo.
12. Harjaning wong tumitah kang wegig, mumpuni roh pangulahing gesang, kusung-kusung pamusunge, wiging sasmito kenyut, nganyut tuwuh jodhone pati, pati titising cipto, tondho saksine trus, nrusi ngengrenganing warah, ngarah-arah anon tuhoning pangeksi, medeming tyas narawang.
13. Wong wus curem sandhining suksmo di, myang sandhining roso, myang mukhamad datan pinikir, nyatane kang pinikir, pinikut,lakuning wong warcopodo wig, wignaning poncodriyo, pangambu pangrungu,paningal myang pangandiko, tep-tinetep tetepe podho nguwati, jumenenge sirullah.
14. Angen-angen kang munah murbani, kuwaseng reh maseso,sabadan kuwat soko pusarane, napas taline, idhup,prasasat Hyang kang murbeng jisim, ngratoni sajagat rat, cangkrameng siswantuk, pati munah kawuleng Hyang, mung umpomo mangkono aywo den antepi, dinaku aran suksmo.
15. Allah iku dudu johar manik, dudu nur mukhamad rupo cahyo, dudu roh saanterone, tan njobo njero dudu, marmo wong kang anjolo wening, ninging cipto saroso, tan pisan angluru, rurupo katur Hyang suksmo, mung weruho kawasaningrat jisim, ing kasantikaniro.
16. Sewu mokal kahananing gaib, kang dumunung badane manuswo, kang gampang myang pakewuhe, angel sungil wit lembut, memet nyamut pratignyeng pikir, awasno wawasen tyas, poncodriyo tyasmu, mobah molah pari polah, mesik meneng anteng lageyaning budi, catur wiworo warto.
17. Ing pangeksi tep-tinetep ugi, ing wicoro carem ing susetyo, sedio loro ngucap ijen, pangrungu lan pangambu, bangkit ngaturaken patitis, sampyuhe lir cancolo, tumempuh ing laut, keplas loro wujud tunggal, seje jinis mungguh wong Budho njarwani, badan alus lan wadhag.
18. Lirnyo alus angen-angen batin, wadhag jisim kang katon satmoto, mratandhani kawulane, woring pupu-pinupu, ing aranan kawulo Gusti, nanging ywo salah tompo, dudu Hyang Moho Gung, dudu Allahu tangala, mung jumeneng guru pikirmu pribadi, marmane keneng edan.
20. Tegese Hyang dudu bongso ati, dudu njobo kang sipat pratelo, wa la joharin tegese, dudu nur mukhamadu, wa la nufus Gusti Allahi, sayekti tanpo napas, nadyan napas dudu, myang aula murtasiman, Fikiali tan kacokro Moho Suci, angen-angening janmo.
21. Lowah anglangut nyamut tan kaeksi, awit la jamono la makono, nora mongso nora anggen, pasthi wujudulahu, wa la lidin tur wa la nidin, tan lawan datan timbang, myang la yukayafu, tan keno kinoyongopo, kang pramono sandhining Hyang pikir maletik, sayekti nora kewran.
22. Den alingono segoro geni, bumi sap pitu langit sap sapto, nora ewuh pambatange, lageyan liding semu, lajeming tyas tan mirang-miring, pambabar ing widhiasto, wus nora pakewuh, wih kaling-kalingan wrono rangkep sostro, winiyak soyo kaeksi, seje kang ati tuno.
23. Dennyo tan wruh padhang kang ngalingi, sujanmo wruh kalingan ing netro, ngucap kalingan cangkeme, krungu kalingan kuping, gugon tuhon barang tan yukti, mambu kalingan grono, mangkono truwilun, luwih angel sung wawarah, yen wong wuto tinuntun ratuning gampil, yen wong kalingan padhang.
24. Luwih ewuh pakewuh sinung wrin, soko pangakune tetelo, trang nggandhuli kakek moyange, atine kang kalimput, angen-angen anarik silip, ngapusi kanyatahan, mulo akeh wong kliru, angen-angen cinipto Hyang, yen wong pono pramanem rasaning wadi, pikiran jajal lanat.

XII. G A M B U H 

1. Ywo siro tambah tambuh, angen-angen jajaling tumuwuh, sapiroho pikir yen maksih basuki, meh pantes dadi Hyang Agung, awit kuwoso satyelok.
2. Nanging yen harso dudu, nora pisan pantes yen dinaku, nedyo nyebrot ngecu ngampak maling, angen-angen wus lumaku, opo sasedyo rumojong.
3. Heh den awas puniku, wong sinau putus ing panggayuh, de wong mukmin kang cingkrang durung patitis, howo nafsu cukulipun, ati pitu jantunging wong.
4. Picoro pitu dinum, lagehane wewateganipun, sinalinan tembung basane Arabi, ginambar rupane saru, pating cloreng dubang kecoh.
5. Ting ceno pating trutul, pantes temen sastro Ngarab kluwus, tilas tetes dinilatan maratani, sarwo saru yen dunulu, ukoro basane crobo.
6. Kithal kaworan dhusun, yeku derah kang wus pating drawul, dhodhal-dhadhil sarto den enggoni tinggi, biniyak bubar lumayu, pinithes ing ambung sengog.
7. Lah iku mukmin dhusun, ngothak-athik karyo kethuk mbujuk, ngalam pitu klimah tayibah tinulis, Allah lan Mukhamad den du, sastrane ginawe elok.
8. Akeh caritanipun, jroning derah ingkang gumun-gumun, iyo iku kang dadi metengi pikir, nanarik ati anggugu, ngguguru tulisan goroh.
9. Goroh garan pambujuk, nora weruh yen ngelmu kepsung, nuli ingsung neng Singapura kepanggih, lan seh sarjono mbeg ngelmu, derah sun dadi guguyon.
10. Wekasan ngungun nyenthung, sun nora weruh ngelmu kang satuhu, ngalor ngidul kawruh tan pisah sanyari, marmo wong sarjaneng kawruh, sandhining bawono ngeglo.
11. Datan wawaton tutur, mung pambudi dalaning panggayuh, ngayuh ayah ayah yudo mrih maletik, tikaweningtyas tajem kaglung, nggugulang budi krahayon.
12. Wong kang peno ing lembut, yen wus weruh sangkan paranipun, kanthi saksi nyataning kawruh kang sungil, gampang angele kacakup, cakep cukup urip maut.
13. Jajah sagoro madu, patining roso mustikeng kawruh, nora keguh wruh kawruh kang ndakik ndakik, wit wus tininting kepupus, susetyodi weruh pakewuh.
14. Pati iku tan ewuh, wong kang wenang wawarah kang wus wuk, bali muthi titise kawruh sajati, ingkang titi titis jumbuh tambuh, tambuh traping maut.
15. Wus sirno was pakewuh, bongso pati kang durung wus kaglung, ginagulang gegelanganing dumadi, dadi kadadeyanipun, wus tan kacakreng pasemon.
16. Tan pralambang tan semu, datan kiro-kiro tanpo tutur, sangkan paran antoro kang den kawruhi, tan nyolo kang durung durung, tan mikir kang wus kalakon.
17. Wit sampyuhing pangenyut, pandulu myang pamyarso pamuwus, panjerenge pangikete kang wus pinardi, adi adining tumuwuh, barang wujud ingkang katon.
18. Dadi contoning laku, datan pae lan wujud wajibu, cucukulan kang gumelar aneng bumi, mratani dadi panggayuh, mamrih saksining krahayon.
19. Yuwono tekad putus, manatasi sukertining ngelmu, jumenenging caksono murtining gaib, nora kewran ing alembut, myang agal kang wus kabatos. 
20. Batine angguguyu, mring sasmito getun ngungun nyenthung, thung thung ing tyas wening mratani sabumi, cakraning buwono kemput, iku manuswo waspaos.
21.  Siliring maruto nrus, mratani ing jagad kawengku, bumi langit, cucukulan kang kaeksi, tempuhing mandoyoweru, gebyaring dipengrat manggon.
22. Sasi purnomo tengsu, wus kageleng atine wong putus, dadi saksi karusakan lan dumadi, campuhing tyas dadi semu, kanyatahane pasemon.
23. Sandhining pati sestu, culiko gung nasabi pandulu, marmo keh pro pandhito kleru tampi, musthi pati temah kleru, tan wruh jatining maut.
24. Angen-angen kasedul, lalu lulut kalayu ing palsu, pati iku nora mlebu nora mijil, nora manggon nora suwung, iku sajatining uwong.
25. Sandhining urip iku, wruh ing jisim roh ingkang lumaku, napasing wong mlebu metu dadi puji, opo sakrentege kalbu, cinipto kuwaseng Manon.
26. Ing sajatine dudu, yen pono di murtini ring kawruh, susilarjo manranging cipto sajati, tarku siwalah kaglung, tegesing lapal mangkono.
27. Tinggal sabarang laku, dudu krananing Allah satuhu, mung krananing manuswo ingkang linuwih, awit Gusti kang Moho Gung, tan ngalap lantaran ing wong.
28. Mobah molah satuduh, ing pribadi marmo bener luput, wus mankono wong wicaksaneng pambudi, seje lan janmo kapaung, polah tingkahe Hyang Manon.
29. Malah tan ngroso kagung, rino wengi salulut Hyang Agung, ponco ndriyo sadoyo Allah kang darbi, iku ciptaning lelembut, kang manggon neng kayu growong.
30. Prasasat tekek klawu sajeg jumbleg neng growongan kayu, nora weruh marang cakraning budyadi, tansah ngukuhi kajumbuh, Allah tunggal aneng uwong.
31. Marmane yen wong putus, tetes tatas pantes kawruh jentus, tan mangkono pangakune ring Hyang Widhi, kabeh kabudi kacakup, lejem sandhining Hyang Manon.
32. Nanging prakoro iku, luwih memet mumet nyamut nyamut, lamat lamat lir thathit tempuh jaladri, ndriyo smu karoban getun, ngungun eloking lalakon.
33. Heh kang moco kang ngrungu, lalantihen roso sraseng tembung, ywo katungkul mamet ruming sworo manis, tembung tembang ing pituduh, iki nggoning ngelmu wos.

XIII. A S M O R O N D O N O 

1. Rinenggeng sastro Kinawi, mocopat tembanging boso, supoyo trang pamawase, nyirnakken was sumelang ing tyas, mumuk mamang kabengkas saking surasaning tembung, cinitreng kertas sampeko.
2. Lalakon kanggo ing urip, sampurnaning kauripan, soko jajah pangawruhe, sarjono susilo tomo, kataman ing sasmito, ing ngelmu alus mulus, murtining reh pudyeng toyo.
3. Rurubo wajibing urip, kang kahatur Hyang Sudiarso, sanadyan wus weruh sandhine, salah kaprah linakonan, nadyan mblasar kajurang, witing weruh soko kaliru, ngulah swarjono kretarto.
4. Wruh ing mokal wruh ing yekti, yekti nyataning pamawas, tanpo was reh wus prasajeng, sarjono mbeg kasusastran, titi titising cipto, pinarsudi nora ngawur, bedane lan wong kang tuno.
5. Wruhe kalingan pangeksi, dalan jembar risik padhang, mbarobos kacanthel canthel, pathing dradhil dhadhal, prandene tan uningo, kang wruh mung janmo kang putus, marmo ing mengko winedhar.
6. Tamaning janmo di murti, murcito sandhining barang, patraping pujo pujine, ywo nganti angoyoworo, wong urip iku islam, pikukuhe ingkang kukuh, wus mamet daliling sarak.
7. Kitab cilik sran sitin, wa kawangindal islama, kamsatun Lapal tegese, tuwin pikukuhing Islam iku cacah lilimo, sahadat ingkang rumuhun, ingkang kapindhone salat.
8. Kaping tri jakatul fitri, kaping pat puaseng Ramlan, ping limo kaji yen darbe, kuwoso sanguning margo, heh sagung para Islam, prayogo ngawruhi rukun(1), kang kalawan linakonan.
9. Nanging sawise ngawruhi, tegesing limang prakoro, ojo tuno dungkap tyase, wardi jarwane lilimo, pardhikaning sahadat, siro saksining Hyang Agung, kanyatahan soko siro.
10. Mangkono tembunging saksi, ashadu an lailaha, wa annahu mukhamade, rasullah wardiniro, anakseni maniro, tan no rupo kang satuhu, na Allah moho mulyo.
-------------------------------------- 
 (1) Rukun ; soko guru, sanes ingkang teges damai.
11. Lan nakseni kang sajati, Mukhamad utusaning Hyang, tegese jarwane kabeh, manuswo sipat mukhamad, tur mengku rasaning dat, sipat roh utusanipun, yeku rohing manuswo.
12. Jumenenging Hyang Suksmadi, saking manuswo kang nyoto, jumenenging manuswane, saking pribadi tetelo, jumeneng tan pantoro, wusnyo teng aluk(1) jujuluk, mukhamad kang mengku roso.
13. Akeh carito puniki, kuwasaning suksmantoyo, daku dinaku kuwasane, rerebutan saben dino, yen wong pratameng weko, tan kewran ing agal lembut, kamokalaning sasmito.
14. Panjang yen winarneng tulis, lejeming sasmiteng sadat, ingkang podho kroso bae, ywo nganti angoyoworo, murtining kawruh nyoto, soko panyipto mbeg sadu, danuryaning wong utomo.
15. Tan prayogo yen tinulis, wirang ing sinonggo ing kathah, batinen bae patrape, ywo kaweco ing sasomo, kang podho salah tompo, pasthi den arani gemblung, tan wruh dheweke kang edan.
16. Yap yapan peteng ing pikir-pikir, kira kirane kangsingsal, nora uwal kasasare, sari sarining kahanan, gumantung kakek moyang, ngukuhi kang wus kalantur, iku tiwas ing gesang. 
17. Kaping pindho kang winarni, bab salat wajibing gesang, limang wektu sadinane, rukuning wulu myang salat, prayogo kinawruhan, kang nora wruh tan pakantuk, patrap wus gumelar ing kitab.
18. Boyo kasebut neng ngriki, awit wus akeh wong wignyo, ing tembung patrap prantine, kalamun siro wus biso, traping salat sarengat, lah weruho tegesipun, ing salat ingkang pinujo.
19. De pardhikane salati, wus kajarwo aneng kitab, mangkono lapal unine, slatu rahmat mikaranah, tegese tembung salat, rahmat pinaringken sampun, boso rahmat iku nikmat.
20. Lirnyo nikmat seneng pikir, datan ngrungu boso olo, tan ngucap boso kang elok, tan wruh rurupan ing jajal, tan mambu cecegahan, nikmat rinten lawan dalu, eling barang kesenengan.
21. Salating sujanmo murti, tajeming napas tan pegat, margo papat(2) salawase, mobah molah dadi salat, meneng dadi panembah, marmo to umpaminipun, salat lir ilining tuyo.
(1) Ta'alug ; teluk, bilih tawallu : sengsem.
(2) Wonten ing wirid : 1. Napas        : angin ingkang medal ing karno.
                                                2. Tanapas    :    "           "            "             lesan.
                                      3. Napas        :    "           "            "             grono.
                                      4. Nupus        :     "          "             "            netro.
22. Nora kandheg rino wengi, tan antoro moco salat(1), salat sarengat kinaot, kang langgeng prapteng kiamat, mangkono dalil kitab, wa' srengatu mukhamadun, bakin ila yomil kiyamat.
23. Sarengate kanjeng nabi, Mukhamad dinil mustofa, tekeng ari kiyamat kinaot, kang langgeng prapteng kiamat, mangkono dalil kitab, wa' srengatu mukhamadun, bakin ila yomil kiyamat.
24. Nora susah cangkem mani, kacemutan mamres cipto, mujudaken ring Hyang Manon, koyosalate wong Budho, boso Rab lungguh Jowo, ing tabiratul ikramu, mring pujiniro.
25. Hu hu lir Cino mumuji, mring huteg pinujo pujo, ngeningken roso pujine, heh sarjono ywo mangkono, tan ngandel takokno, wong Arab kang putus ngelmu, nora aweh hu hu munggah.
26. Saweneh wong mutangalim(2), salat umiyat ing groho, jatine napas den ilolah, pomo ywo mangkono, yen siro arso salat, barese kewolo bagus, nanging salat roso(3) wruho.

- T A M M A T - 

(1) Mbok manawi leresipun : moco salam.
(2) Muta'alim(saking ta'ala) tegesipun ingkang minulyo.
(3) Wonten ingkang kaserat : salat rohso. 
                                                   

4 komentar:

richard mickeal mengatakan...

THE METAPHYSICAL OF THE MODERN JAWA DIPO NUSWANTORO LAMA AND MY JOURNEY OF THE METAPHYSICAL OF THE MODERN WORLD THE REAL PRESENCE IN THE OUTSIDE WORLD IN THE OUTER SPACE

richard mickeal mengatakan...

And I was ever in the outer space in the earth of my experience of my metaphysical of the Modern World of Jawa Dipo Nuswantoro Lama and the real presence in the outside world, and it's true, I met Justine, but he did't met me

richard mickeal mengatakan...

hai

richard mickeal mengatakan...

hi